Ing masyarakat Jawa, wiwit bayi isih ing njero kandhutan, lair, gedhe, palakrama, nganti pupu yuswa, tansah dianakake selametan. Dene slametan kang dianakake wiwit bayi ing kandhutan nganti diwasa iku ana maneka warna, yaiku neloni, mitoni, brokohan, sepasaran, puputan, selapanan, tedhak siten, tetak utawa tetesan, lan palakrama.
Neloni yaiku salah sawijining upacara adat kang dianakake nalika bayi isih ing njero kandhutan 3-4 wulan. Tembung neloni iku saka tembung telu. Ancas utawa tujuane upacara adat iki kanggo si jabang bayi ing kandhutan supaya nduweni nasib kang becik lan tansah diganjar keslametan tumrap calon bayi lan ibune.
Tingkeban utawa mitoni yaiku upacara adat kang dianakake nalika bayi isih ing njero kandhutan umur pitung sasi. Tembung tingkeban asale saka tembung tingkeb sing tegese tutup. Dadi tingkeban tegese upacara panutup utawa selametan pungkasan kang dianakake nalika ibu mbobot, utawa bayi isih ing kandhutan.
Brokohan yaiku upacara adat kang dianakake nalika lagi wae lair. Upacara adat iki minangka rasa syukur tumrap laire jabang bayi. Tujuane yaiku kanggo nyuwun keslametan lan pangayoman kanggao bayi kang nembe lair, supaya mbesuke dadi bocah kang becik.
Sepasaran yaiku sawijining upacara adat Jawa kanggo bayi umur 5 dina. Sepasar tegese limang dina. Upacara adat iki umume dianakake kanthi prasaja.
Puputan iku upacara adat kang dianakake rikala pupak puser utawa pupute tali puser. Puputan saka tembung puput kang tegese pedhot utawa entek. Ing kene, puputan karepe turahan tali puser wis garing terus ucul lan pusere bayi wis normal. Puputan biasane dianakake rada meriah lan dibarengi karo menehi jeneng marang si jabang bayi.
Selapanan dianakake nalika bayi umur 35 dina. Selapanan saka tembung selapan yaiku wektu dawane 35 dina. Umume upacara adat iki dianakake kanthi prasaja. Ancas utawa tujuan slametan iki ora liya minangka tulak balak saka bebaya. Upacara adat kang dianakake saka bayi ana ing kandhutan, tekan lair lan tekan bayi umur 35 dina iki minangka usahane manungsa kanggo nyuwun pangayoman lan keslametan urip saka Gusti kang maha Agung.
Tedhak siten yaiku upacara adat kang ditidakake kanggo ngenalake lemah utawa bumi sing sepisanan marang bocah cilik, kanthi pangajab supaya mbesuk diwasane bisa kuat lan sanggup ngadeg jejeg kanggo nggayuh gegayuhan lan ngadhepi kahanan uripe.
Tetakan yaiku upacara adat kang dianakake nalika bocah akil balik utawa ngancik diwasa. Tetakan (ana uga kang ngarani supitan) lumrahe dianakake si bocah umur 10-12 taun. Tetakan dianakake kanggo bocah lanang, dene tumrap bocah wadon, arane tetesan. Lumrahe nalika si bocah wadon ngalami nggarap sari kang sepisanan.
Palakrama yaiku upacara adat kang dianakake nalika si bocah wis diwasa lan arep mangun bebrayan. Lumrahe palakrama dianakake kanthi upacara gedhen, awit kanthi upacara adat iki, tugas utawa kewajibane wong tuwa kang kudu ngampingi putrne bisa diarani wis rampung. Kanthi palakrama, si anak dianggep wis bisa tanggung jawab tumrap dhiri pribadi lan kaluwargane. Sawise palakrama, anak wis duwe keluarga dhewe, mula wis dudu tanggung jawabe wong tuwa maneh.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar